Daplun Ketemu Begal Montor Kang Slenthik - Radarmas SABTU, 24 SEPTEMBER 2016 Daplun sing tembe duwe montor anyar, diomongi nang mamake kon ngati-ngati mergane siki akeh begal. Tapi jenenge lagi apes pas agi balik wengi bar dolan nggone kancane nang tengah bulak Daplun diadang begal. “Mandeg…!!!” Begale nggentak. Digentak kaya kuwe Daplun sing bocaeh culun pisan, dadi keweden ngasi kepoyuh-poyuh. ” A a aa.. Ana apa Mas..” Daplun semaur kambi gemeteran. “Wis ora usah kakean cangkem, HaPe endi HaPe..?!” begale ngomong “O..o..oo.. Ora duwe Mas? Daplun semuar. “Aja nglombo..!!” Begale nggentak kambi nggledah sak celana kambi sak klambine Daplun. “Sumpah busung, inyong ora nduwe HaPe, anu durung ditukokna nang mamake,” Daplun semuar. “Wahh, pancen kiye bocah culun pisan,” begale ngomong. “Duit ana ora duit,” Begale takon maning. Daplun ngetokna dompete, sing jebul isine kur limangewu perak. “Lah kiye duit kur limangewu, kepriwe sih?” Begale kesuh -kesuh. “Kuwe anu jujul tuku mie ayam, miki disangoni mamake sepuluh ewu,” Daplun semaur. “Wis nek kaya kuwe sikat baen montore,” begal sing nomor loro ngomong. “HaPe ora nana, duit kur limangewu, ya wis montore tek jaluk…!!! ” Begale ngomong kambi narik montore Daplun. “Aja lah mas, kiye montor anu durung lunas cicillanne,” Daplun ngomong kambi raine katon melasi pisan. “Inyong ora peduli ..!! siki montore nggo inyong apa sirahmu ngglundung,” Begale ngomong kambi ngalungi clurit maring gulune Daplun. “Ii..ii..iiya mas, tapi inyong baline dijujugna ya, inyong wedi bali dewekan nek kon mlaku,” Daplun ngomong kambi nangis. “Haduuhhh.. deneng malah nangis, cemene banget lah ko..!?” Begale ngomong. “Ya wis mumpung dina kiye inyong agi apikan kowe tek jujugna bali, tapi ana syarate,” Begale aweh syarat. “Syarate apa mas,?” Daplun takon. “Syaratnya kowe kudu bayar ongkos satus ewu, inyong ora gelem njujugna gratisan, kowe ngojek gelem ora?” Begale ngomong. “Iya Mas, inyong gelem. Tapi inyong njaluk duit sit maring mamake,” Daplun pasrah. “Oke, tapi aja ngomong-ngomong ya, nek lapor tek clurit kowe,” Begale ngancem. Mbarang kaya kuwe Daplun dijujugna nang Begale. Pas gutul nang umaeh, Daplun langsung njaluk duit maring mamake. Begale ngenteni nang pinggir ndalan. “Suwe temen kae bocah,” Begal nomor siji ngomong. “Wahh.. aja-aja agi ngumpulna tangga-tanggane nggo nyekel dewek,” Begal nomor loro semaur. “Wahh… Bahaya, nek kaya kuwe, dewek lunga baen yuh,” Begal nomor siji semaur. Ujug-ujug Daplun metu sekang njero umah. “Mas, kiye duite sing satusewu,” Daplun ngomong kambi aweh duit. Begale mlongo kambi nampa duit. “Tengkyu ya mas wis njujuga inyong. Kuwe montore dirawat sing bener ya mas, soale inyong seneng banget karo montor kuwe, aja ngasi kotor , aja ngasi lecet ya. terus angger ngisi bensin aja nang pinggir ndalan, mbok oplosan. Oh iya mas, sticker ‘Hello Kitty’ sing nang ngisor jok tek jukut ya ?!” Daplun ngomonge akeh. ” Iya padha padha ., makasih juga yaa,” Begale ngomong banjur kabur ngebut.(*)

Sumber: http://radarbanyumas.co.id/mblaketaket/daplun-ketemu-begal-montor/
Copyright © Radarbanyumas.co.id

Komentar

Postingan Populer